Titi Mangsa

31 December 2009 – 13:55 by Sriyanto

(syair versi Jawa : Geguritan)

Yen wus tekan titi mangsane…
ora bakal bisa selak,
ora bakal bisa semaya,
nadyan ta tinameng benteng baja cacah lima.

Yen wus wancine sowan,
ora bisa alesan,
ora bisa njaluk kelonggaran,
nadyan ta ilu nganti kentekan.

Pesthining Gusti wus ginaris,
Manungsa mung sadrema nglakoni.
Becik enggal gegancang tumindak amal,
Mumpung durung ketekan ajal.

Bandha, donya, lan keluwarga ora bisa terus ngancani,
paling mung tumekeng astana laya, pasareyan kasedan jati,
banjur bali…
Mung siji kang bakal terus ndhampingi,
amal becik suci trusing ati,
nylametake saka siksa kang nggegirisi,
nyaketake rahmat lan pitulunganing Allah kang dianti-anti.

Post a Comment